SULUKAN SAWUNGGALING
Sulukan Sawunggaling
Deskripsi
Hong wilaheng sekaring jagad bahwana langgeng Abot-abote pengin ngabekti marang sipak reang kang aran Jayengrana yaiku Tumenggung neng kutha Surabaya Nek reang isa nyodor anane gendera Tunggul Yudha sing manggon neng pucuke kitiran manaro Galak, reang bakal didapuk jumeneng Tumenggung Kanoman neng brang wetan kutha Surabaya Nanging sewalike nek reang gagal ngentasi karya, gulu reang bakal dikethok minangka tumbale alun alun Kartasura Lo...lo...lo...lo...lo... Bok bok bok bok Yung Dewi Sangkrah, Pakdhe Demang Wangsa Drana, Kyai Sura, Buyut Sura ya Raden Sesuruh Rika ae sing takjaluk padha jangkunga marang reang Idenana kayak banyu mili paribasane kekarepane anake rika ya putu rika ben bisa kasembadan Gong...bagong...pithik reang rika semana uga ya gong... Dongana pendhara rika Nek urip reang wis mulya rika bakal taktukokna kurungan kencana...gong Lo...lo...lo...lo...lo... Bok bok bok bok Kendera Tunggul Yudha nek taksawang-sawang tambah suwe tambah adoh...tambah suwe tambah ga kethok Takrapal aji penitisan...kendera Tunggul Yudha kenek taksodor...gak kenek tak sodor Yung...Dewi Sangkrah..